Rabu, 28 Januari 2009

[sunting] Asal muasal biologi

[sunting] Aristoteles lan biologi
Èlmu biologi dipunrintis déning Aristoteles, èlmuwan kebangsaan Yunani. Ing tèrminologi Aristoteles, "filosofi alam" punika cabang filosofi ingkang nliti fénoména alam, lan njangkep bidang ingkang sapuniki dipunsebat minangka fisika, biologi, lan èlmu pengetauan alam sanèsipun.
Aristoteles nglampahi panlitèn sajarah alam ing pulo Lesbos. Asil panlitènipun, kalebet Sajarah Kéwan, Generasi Kéwan, lan Bagéyan Kéwan, isinipun sapérangan observasi lan interpretasi, lan ugi wonten mitos lan kaluputan. Bagéyan ingkang wigati inggih punika prekawis kagesangan laut. Panjenenganipun misahaken mamalia laut saking iwak, lan mangertosi bilih hiu lan pari punika bagéyan saking grup ingkang panjenenganipun sebat Selachē (selachians).[2]

[sunting] Pangadegan biologi modhèrn
Istilah biologi ing pangertèn modhèrn katingalipun dipuntepangaken sacara kapisah déning Gottfried Reinhold Treviranus (Biologie oder Philosophie der lebenden Natur, 1802) lan Jean-Baptiste Lamarck (Hydrogéologie, 1802). Nanging, istilah biologi sejatosipun sampun dipunginaaken ing taun 1800 déning Karl Friedrich Burdach. Malah, sadèrèngipun, istilah punika ugi sampun muncul ing sirahan buku Michael Christoph Hanov jilid kaping 3 ingkang terbit taun 1766, inggih punika

Tidak ada komentar:

Posting Komentar